Selasa, 02 November 2010

LAMUN KAPEDHOTAN TRESNA

                                                                         - Wong Embi Yen -

Kalamangsa sapa kasinungan wuyung kayungyun
kinaya ngapa nggènnya mbudi daya amemangun
ora kurang ngudi dadi prasasat matumpa sungsun
ndilalah gagar-wigar tinemuné tetaunan ngungun
becik sumarah lamun dudu kang sinerat ing ayun

Sepira aboté sanggan kang tumanggon mboya kuwawa
paripeksa kapedhotan sih katresnan duk rikala semana
tanpa bisa sesinglon murih nora katon malah kawistara
mula dulur padha dingati-ati aja bacut lali ing prayitna
bab siji kuwi bisa ndrawasi sayekti lamun ora permana

Dudu mung wuwus pamupus kanggo ngedhem-dhemi
seseging jaja kuwuring ndriya apa maneh panasing ati
jer jejering titah kasinungan wates pepesthèning Gusti
bisa rumangsa aja dumèh bisa gagé bali sejatining diri
ngupadi mahening suci nyuwun murih bisa antuk ganti

Aywa sinèlak kebanjur sega dadiné bubur
lekas wekasé tutur karebèn dadi sedulur
jeneng sinarawèdi iku sayektiné sedulur
samya guyub rukun langgeng sempulur
yaiku nasing Gusti tumrap priyayi luhur

                                                                               - Kota Raja, 30 Juni 2010 -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar