Selasa, 02 November 2010

PENGANGEN KEDLARUNG


(Wong Embi Yen – Tenggarong, 31 Mei 2010)

Nora kacarita maneh
kaya wis muncak
maneka warna kedadeyan isen-isene donya
sakabehe mung merga saka sipating manungsa
sipat loro kang sesingkuran, becik lan ala
sopo ngarepake siji bakal adu lawan sijine
ndelalah kopyah saiki kang ala lagi ndadra

Undering prakara winastan aneng
jamane jaman edan
ora ngedan ora keduman
jamane jaman kalabendu
sarwa sulaya ing saliring wuwus
jamane jaman bubrah
ora nggape kelangan arah
jamane jaman gemblung
wong gedhe pada mbambung
linglung kedlarung-dlarung
wong tengahan bingung
melu edan keblegan
arep jujur wedi ajur mumur
wong cilik bisane kari elu-elu
tetawang tangis ambilulung
wong paguron mung ngungun
lali paring pitedah pitulung

Jane sipat loro pada cethane
beda kaya bumi langit
ananging mangsakala
langite tansaya ireng
kabeh katon peteng
yen isih ana sing katon
ya mung lamuk-lamuk.

Ujare para kina
bakal teka jaman kalasuba
“menawa” manungsa
mertobat eling purwa duksina
bali anjiwa-nyarira lan nengenake bebener
ngagem kabecikan ing solah bawane
nglindhih tindak dur angkara dur susila
ngasorake sipat ala adigang adigung adiguna
mbarengi praptane satriya piningit
mungkasi jaman kaladuka
dukane Gusti Kang Ngasta Kun Fayakun.

We lha kae, sato kewan pada celathu : “kapan kapan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar