Kamis, 28 Oktober 2010

MUGA SLIRAMU



                                                                              - Wong Embi Yen -
Ngger anakku
sliramu kang dak antu-antu
kepareng metu saka guwa garbane ibu
ketemu lan kumpul bebarengan sanak-sedulurmu
lelumban ing bebrayan agung ngalam donya kang winantu
syukur alhamdulillah wus kelakon sliramu linairake wujud putri ayu

Nduk putriku
rama lan ibu ya wong atuwamu
rumangsa kabalebeg kabagyan lumintu
antuk kanugrahan agung tanpa pepindhan
rikat mlayu manungku puja-puji asung panuwun
mring Alloh SWT kang ngeparengake mengku sliramu

Ngger cah ayu
wis jamak lumrahe wong tuwa duwe pangajab
mungguhing bocah wadon mula dadia wanita utama
nuladha lan tumemen ngregem kenceng dhawuhing agama
jumbuh paseksenmu mring Alloh SWT kang ngukir jiwa-raga
duk rikala sliramu dikeparengake lumebu lelumbaneng jagad-raya

Ooo..ganthilaning ati pamoring suksma
mula gage delengen sunare bagaskara madangi
jembare bumi jerone samudra baweraning angkasa
gya mlakua jejeg kinanthen donga pangestuku sakloron
sumendhea mring Alloh Kang Maha Rakhman Maha Rakhim
nora liya uripmu bakal winengku kabagyan karaharjan lan karahayon.

                                                                            - Jum'at, 24 September 2010 -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar