Kamis, 11 November 2010

(GURIT JRIH TINILAR - Serial Refleksi Pasca Romadhon 1431 H)

- Wong Embi Yen -

JRIH TINILAR

Linambaran raos mongkoging manah amargi sedaya nikmatiPun tansah kajiwa kasilira
sinartan raos bombong amargi tansah jinangkung ing sih pangayomaniPun
dalah raos gumbira amargi maksih pinaringan kesempatan
ananging ugi kinanthen raos duhkita badhe tinilar wulan utami

Lelandesan keyakinan lan kapitadosan lair tumusing batos
panjenganiPun Gusti Alloh sayektos datan saget kininten karenaniPun
pindha kawistingal nggelar pasamuan agung nyuntak segara madu
nguningani para hambaniPun sami ndheku manungku manembah
tumungkul asung panuwun tetawan tangis kabagyan
pinaringan gesang kabalebeg kebak ing sih katresnaniPun

Duh Gusti Alloh Ingkang Nyipta Saindenging Jagad Raya
Ingkang Murba Wasesa Gesang lan Panggesanganing sadhengah makhluk
Ingkang Ngasta Kodrat Iradat Inayah Hudan ugi Adzab
Ingkang Ngasta Panguwaosing Kiyamat Surga miwah Neraka
mugya saestu paring aksama dumateng kawula ingkang kebak ing sia-sia
ingkang taksih kabuntel ndhut kanisthan klebus hawa-nafsu kadonyan
ingkang mawongsal-wangsul mangsuli seganten kadurakan kalimput ing kalepatan

Ya Robbanaa dzolamnaa anfusanaa wa illam taghfirlanaa wa tarkhamnaa lanakuunanna
minal khoosiriin
amiin ya Robbal alamiin
ya Arkhamar Rookhimiiin

- 6 September 2010 -
(Serial refleksi pasca Romadhon 1431 H)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar