Jumat, 12 November 2010

DATAN OWAH

- Wong Embi Yen -

Tan bakal bisa linirwakake
gumelar jembare pepiling edi
kang wus den ukir ana ing watu gunung
ing tetuwuhan pengkuh lan gegodhongan ijo
ing wedhi gisik lan dhasare samudra
ing pojok-pojok kutha lan karang padesan
ing mega putih kapas lan warnane kluwung
ing padang-jingglang awan lan ndhedhete wengi
ing panas terik bagaskara lan pasuryane rembulan ndadari
ing tetesing udan nggrejih lan pusere angin lesus
ing suka-rena gegojegan lan ombake nestapa lara lapa
kabeh pinatri sayekti sajroning netra lan sarandune pengangen
hamung lelumban ing segara madu kabagyan sih katresnan tulus
duh sigaraning nyawa
papanmu ana telenging atiku 

- 6 Februari 2010 -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar