Ndeleng kahanan sing isih ketok burem
sinambi ngelus dhadha
anaaa wae ra entek-entek
tindak adigang adigung adiguna
lali dalan
aduh Gustiiiiii...............................................................
sinambi ngelus dhadha
anaaa wae ra entek-entek
tindak adigang adigung adiguna
lali dalan
aduh Gustiiiiii...............................................................
WAYAHE MERTOBAT
Nyang ndi playumu
ngalor kebak lelara ngidul nggoné kacintrakan ngétan dalané kacilakan ngulon ndhedhet lelimengan nduwur menthang kadurjanan ngisor wadhuk ndhut blekethekan
jamané pagebluk
Keslametan ra isa mbok tuku nganggo dhuwitmu
kabagyan ra kena ginayuh cukup nganggo kamuktèn
katentreman ra keconggah mung nganggo kapinteran
anggitmu laku jantrané jaman gampang tok rigen-rigen
sak karep udelmu
Kahanan bubrah iki ya ra luput saka trekah penthalitanmu
kesurung kedlarung rasa angkuh drengki srèi jahil methakil
adigang adigung adiguna adiwicara murang sarak tanpa tata
mangka jané rak ya sadhar tur ngerti ning nyengaja ngedir-edir
nantang perkara
perkarané sing gawé urip
Arep tekan ngendiii…?
arepa mabur ngawiyat ambles bantala
nerjang mbulaté geni nglangèni gunung ès
Ora
aja
wis ta
mandhega
mumpung isih padhang rembulané jembar kalangané
ndang salina slaga
agéa bangkit
mertobat
- 1 Sèptèmber 2010 -
Tidak ada komentar:
Posting Komentar