Senin, 08 November 2010

Ning Nang Ning

Lamun tan eling mula bukane
engga tuwuh prahara
mbuh dadine
hamung tetep kudu percaya
gedhe pengarep-arep
tumekaning sirep
ning nang ning nung
hning hnang hning gung
muga nung durung paja gung
Alloh SWT pamengku jatining kasih
nggaris kodrating alam lan manungsa
nggathukake kekarone jroning bebrayan
srawung edi dadi peni srawung ala dadi mala
mula bali mulane niat lan ikhtiar linambaran donga

Duh Robb mugya maksih kersa paring raharjaning gesang
kanthi paseksen sayekti lamun ndadra supe ing purwa duksina
sumangga kersa jer sok sintena sampun pana jatining panguwaos.


- Wong Embi Yen -
- 7 Nopember 2010 -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar